Tuladha Cangkriman Wancahan | Contoh Cangkriman Wancahan

Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang/dibedhek.

Mula ana sing ngarani cangkriman iku bedhekan. Cangkriman kudu dibedhek (ditebak) amarga tetembungan mau nduweni teges ora salugune.

Cangkriman Wancahan yaiku cangkriman kang awujud wewancahaning tembung-tembung. Wancah tegese cekak lan wancahan tegese cekakan. Cangkriman wancahan lumrahe utawa biyasane dijupuk saka wanda mburi dhewe. 


Tuladha Cangkriman Wancahan

1.       Mbok siyah- lombok, trasi, lan uyah

2.       Singa lunga ngaji - siji sanga telu sanga sanga siji (193991)

3.       Cing cing go ling - wis cincing-cincing, tetep nggoling

4.       Mbah ringgo - dikumbah, garing, dienggo

5.       Racik terbang - swara becik pinter nembang

6.       Pipiru, ndhangdhangmoh, thongthongjur - sapi-sapine kuru, kandhange amoh, tlethonge ajur

7.       Gowang pelot - jagone ana lawang, cempene mencolot

8.       Burnas kopen - bubur panas kokopen

9.       Ling cik tu tu ling ling yu - maling mancik watu, watu nggoling maling mlayu

10.   Buta buri - tebu ditata mlebu lori

11.   Bot ginawa entheng, theng ginawa abot - klobot ginawa entheng, gentheng ginawa abot

12.   Gerbong tulis - pagere kobong watune menthelis

13.   Gamoh thuwet - paga amoh, munthu awet

14.   Kablok ketan - nangka ceblok ning suketan

15.   Kaba ketan - nangka tiba ning suketan

16.   Kicak ketan - kaki macak iket-iketan

17.   Kilcang kundhik - sikile pincang yen mlaku rindhik

18.   Langdikum ditasbir - lulang dikum dientas njebibir

19.   Linggok sunder - maling menggok, asune nyander

20.   Manuk biru - pamane punuk bibine kuru

21.   Pak boletus - tapak kebo lelene satus

22.   Pak bomba pak lawa pak piyut - tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciyut

23.   Pindhang kutut - sapi mblandhang lukune katut

24.   Rangsinyu muksitu - jurang isi banyu gumuk isi watu

25.   Segara beldhes - segane pera sambele pedhes

26.   Suru bregitu - asu turu dibregi watu

27.   Surles penen - susur teles pepenen

28.   Surles pedheg wer-weran - susur teles dipepe nang gedheg jewer-jeweran

29.   Teh nasgithel  - teh panas, legi, lan kenthel

30.   Thokji mbiji - kathok siji klambi siji

31.   Tulas kerda - watu alas disengker Walanda

32.   Tuwan sinyo - untu kedawan gusi menyonyo

33.   Tuwok rawan - untune krowok larane ora karuwan

34.   Tongyong rengreng - gotong royong bareng-bareng

35.   Wit dhuyung - yen dijiwit adhuh biyung

36.   Wiwawite lesbadhonge karwapete - uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipete

37.   Yu mahe rong, lut mahe ndhut - yuyu omahe ngerong, welut omahe endhut

38.   Yu kil pet rung, kul tu na tu - mlayu sikil kesrimpet sarung, dhengkul tatu kena watu 




Post a Comment

0 Comments