Kalawarti lan Ariwarti Basa Jawa

 


Kalawarti lan Ariwarti Basa Jawa

Tegese Kalawarti

Kala : arang (jarang)

Warti : kabar/warta (berita)

Kalawarti à layang kabar kang metune kadhang kala (ora saben dina)

Kalawarti à Majalah    

 

Tegese Ariwarti

Ari : Dina

Warti : kabar/warta (berita)

Ariwarti à layang kabar kang metune saben dina

Ariwarti àKoran

 

Kalawarti Basa Jawa Sing Kababar Nganti Saiki

1. Panjebar Semangat

Yaiku kalawarti basa Jawa kang kababar pisanan ing Surabaya tanggal 2 September 1933 lan nduweni sesanti Suradira jayaningrat lebur dening Pangastuti. Kalawarti iki digunakake dr. Soetomo kanggo nyengkuyung kamardikan Indonesia. Nalika pisanan kababar, kalawarti iki dianggep ora lumrah amarga gunakake basa Jawa ngoko. Nanging dr. Soetomo nduweni panemu, yen basa ngoko bisa gampang dimangerteni wong cilik.

 

2. Jaya Baya

Yaiku kalawarti Basa Jawa kang kababar ing kutha Surabaya. Miturut cerita, sadurunge kalawarti iki kacethak ing Surabaya, Jaya baya kababar pisanan ing kutha Kedhiri tanggal 1 Desember 1945 kanthi jeneng Djojo Bojo. Kalawarti isine ora mung sastra, budaya, sarta tradhisi Jawa, nanging uga ana warta kang aktual lan crita misteri.

 

3. Djaka Lodang

Yaiku kalawarti basa Jawa kang kababar pisanan ing Yogyakarta, tanggal 1 Juni 1971. Kalawarti basa Jawa iki kababar saben seminggu sepisan kanthi sesanti Ngesti Budi Rahayu Ngungak Mekaring Jagad Anyar. Kajaba ngamot babagan budaya lan carita, kalawarti iki uga ngamot kabar kang kadadean ing bebrayan.

 

4. Mekar Sari

Yaiku kalawarti basa Jawa kang kababar ing Yogyakarta. Mekar Sari dibabarake saben rong minggu sepisan. Kalawarti iki isine macem-macem, wiwit sastra Jawa, crita, tata rias, nganti babagan negnani bagas waras (kesehatan).

 

5. Damar Jati

Yaiku kalawarti basa Jawa sing dibabarake pisanan taun 2005 ing kutha Jakarta. Damar jati kalebu kalawarti umum, amarga isine warna-warna antarane sambung rasa, budaya, IPTEK, kasusastran, lapuran wigati, lelayu, lsp. Damar Jati dibabarake sewulan ping pindho saben dina Kemis lan nduweni sesanti Sepi ing Pamrih Rame ing Gawe.

 

6. Jawi Ngawi

Yaiku kalawarti basa Jawa sing dibabarake ing kutha Ngawi (Jawa Timur) saben wulan sepisan. Jawi Ngawi minagka Kalawarti basa Jawa kanggo bebrayan agung tumrape warga kutha Ngawi kang isine maneka warna, antarane basa lan sastra, ngudhar gagasan, kabudayan, wacan bocah, cerkak, taman gegirutan, langgam Jawa, alaming lelembut, lan cangkriman prapatan (teka teki silang).


Vidhiyo ngenani kalawarti basa Jawa



Post a Comment

0 Comments