Papan Panggonan Kawiwitan "P"


Arane Papan Panggonan Kawiwitan "P" 

1. Padasan - Papan panggonan kanggo wudhu

2. Paga - Panggonan kanggo nyimpen/ndeleh bekakas pawon

3. Pagupon - Omahe dara

4. Padhepokan - Papan kanggo patapan/kanggo gladhi olah kanuragan

5. Pakunjaran - Papan panggonan kanggo ngunjara/ngukum wong luput

6. Pasar - Papan panggonan kanggo dodolan utawa tetuku barang

7. Pawon - Perangane omah kanggo panggonan olah-olah (masak)

8. Pawuhan - Papan panggonan kanggo bebuwang sampah

9. Pesisir - Pinggire segara

10. Pelataran - Papan kothong sangarepe omah

11. Petarangan - Panggonan kanggo ngendhoge pitik

12. Pinihan - Papan kanggo dhedher winih tanduran

13. Pragen - Wadhah bumbon (bumbu-bumbu)


Muga-muga jlentrehan Papan Panggonan Kawiwitan "P" bisa migunani.

Post a Comment

0 Comments