18 Arane Anak Kewan | 18 Sebutan Anak Hewan

Saben sato utawa kewan nduweni anak. Ana kang ngendhog lan manak. Ing kene bakal dijlentrehake ngenani 18 Arane Anak Kewan.

1. Anak Angkrang arane Kroto

2. Anak Pitik arane Kuthuk

3. Anak Bebek arane Meri

4. Anak Manuk arane Piyik

5. Anak Menthog arane Minthi

6. Anak Kucing arane Cemeng

7. Anak Sapi arane Pedhet

8. Anak Kebo arane Gudel

9. Anak Wedhus arane Cempe

10. Anak Gajah arane Bledug

11. Anak Asu arane Kirik

12. Anak Macan arane Gogor

13. Anak Jaran arane Belo

14. Anak Celeng arane Genjik

15. Anak Yuyu arane Beyes

16. Anak Kodhok arane Precil

17. Anak Cecak arane Sawiyah

18. Anak Kadhal arane Tobil


Maturnuwun muga jlentrehan 18 Arane Anak Kewan | 18 Sebutan Anak Hewan migunani.


Post a Comment

0 Comments