Ukara Pakon


TEGESE UKARA PAKON

Ukara pakon yaiku ukara kang awujud prentah marang wong liya supaya nindakake utawa tumandang apa kang dikandhakake utawa dikarepake.

Ukara Pakon yaitu kalimat yang berwujud perintah kepada orang lain agar melakukan atau melaksanakan apa yang diinginkan.
TITIKANE UKARA PAKON 1. Ana panambang -a, -en, -ana, lan -na 2. Yen arupa basa tulis, dipungkasi tandha panguwuh (!) 3. Yen arupa basa lisan, nduweni wirama seru CIRI-CIRI UKARA PAKON
1. Ada akhiran -a, -en, -ana, dan -na 2. Jika burupa bahasa tulis, diakhiri tanda seu (!) 3. Jika berupa bahasa lisan, memiliki inotnasi seru (agak ditekan) JINISE UKARA PAKON 1. Ukara pakon lumrah (berisi perintah biasa) Tuladha : (1) Tugas ndang digarap! (2) Awas sing ati-ati! 2. Ukara pakon pamenging (berisi larangan) Tuladha : (1) Aja njupuk jajan kuwi! (2) Aja dolan bengi! 3. Ukara pakon pangajak (berisi ajakan) Tuladha : (1) Ayo mampir warung! (2) Mangga dipun dhahar riyin! 4. Ukara pakon panyuwun/paminta (berisi permintaan) Tuladha : (1) Dhi, jupukna buku kuwi! (2) Mbokya latare disaponi! 5. Ukara pakon panantang (berisi tantangan) Tuladha : (1) Antemen yen kowe wani! (2) Jajalen yen kowe ora percaya!



Selengkapnya di video berikut :


Post a Comment

0 Comments