Perangane Wit Klapa/Krambil/Kambil | Bagian-bagian Pohon Kelapa


Perangane Wit Klapa (Bagian-bagian Pohon Kelapa)

1. Oyod yaiku perangane klapa sing manggon ana ing ngisor lan kependhem lemah
Oyod yaitu bagian pohon kelapa yang berada di bawah dan tertimbun tanah

2. Glugu yaiku wit klapa sing wis tuwa
Glugu yaitu batang kelapa yang sudah tua

3. Pondhoh/Empol yaiku pucuk wit klapa sing isih enom lan empuk, bisa digawe jangan
Pondhoh/Empol yaitu pucuk batang kelapa yang masih muda dan lunak, bisa dibuat sayur

4. Manggar yaiku kembang klapa
Manggar yaitu bunga pohon kelapa

5. Mancung yaiku perangan sing mbungkus manggar klapa
Mancung yaitu kelopak pembungkus bunga kelapa

6. Bluluk yaiku bakal woh klapa sing isih enom banget, gedhene udakara saukuran endhog
Bluluk yaitu calon buah kelapa yang masih sangat muda, ukurannya kira-kira sebesar telur

7. Cengkir yaiku woh klapa sing luwih tuwa saka bluluk nanging luwih enom saka degan
Cengkir yaitu buah kelapa yang usianya lebih tua dari bluluk tetapi lebih muda dari degan

8. Degan yaiku woh klapa enom sing luwih tuwa saka cengkir
Degan yaitu kelapa muda yang usianya lebih tua dari cengkir

9. Semanten yaiku woh klapa sing luwih tuwa saka degan lan lagi nyanten-nyantene
Semanten yaitu buah kelapa yang usianya lebih tua dari degan dan sedang bersantan-
santannya (dalam keadaan puncak bentuk dasar)

10. Klapa yaiku woh klapa sing wis tuwa lan mateng, warna kulite ijo semu coklat
Klapa yaitu buah kelapa yang sudah tua dan masak, warna kulit hijau kecoklatan

11. Sepet yaiku kulit serat woh klapa
Sepet yaitu kulit beserat buah kelapa

12. Bathok yaiku cangkang woh klapa sing atos ana sajerone sepet
Bathok adalah tempurung kelapa

13. Janur yaiku godhong klapa sing isih enom
Janur adalah daun kelapa yang masih muda

14. Blarak yaiku godhong klapa sing sing wis tuwa utawa garing
Blarak adalah daun kelapa yang masih sudah atau yang sudah kering

15. Sada yaiku balung janur/blarak
Sada yaitu tulang daun kelapa

16. Papah yaiku gagange blarak utawa janur
Papah yaitu tangkai daun kelapa

17. Blukang yaiku papah lan godhong sing ceblok amarga wis tuwa/garing
Blukang yaitu pelepah dan daun kelapa yang jatuh karena tua/kering

18. Bongkok yaiku bongkote papah klapa
Bongkok yaitu pangkal pelepah daun kelapa

19. Tapas yaiku serat sing mbungkus godhong klapa, wujude kaya saringan/jaring
Tapas yaitu serat yang membungkus pelepah daun kelapa, wujudnya seperti jaring

20. Cikal yaiku bakalan wit klapa
Cikal yaitu calon pohon kelapa/tunas kelapa

21. Kenthos yaiku banyu klapa sing wis njendhel lan dadi bakalan tunas klapa
Kenthos yaitu air kelapa yang menggumpal dan menjadi bakal tunas pada buah kelapa

22. Cumplung yaiku klapa/bakalan klapa sing wis ceblok amarga dipangan bajing/tikus
Cumplung yaitu kelapa/bakal kelapa yang jatuh karena dimakan (dirusak) tupai/tikus

23. Janjang yaiku kumpulane klapa sing asale saka sagagang
Janjang yaitu kumpulan buah kelapa yang berasal dari satu tangkai bunga

24. Tataran yaiku krowakan sing digawe kiwa tengene glugu digunakake pancatan nalika menek
Tataran adalah lekukan yang dibuat di kiri kanan batang pohon kelapa digunakan
sebagai pijakan ketika memanjat

25. Cikalan yaiku sisa potongan klapa sing ora bisa diparut amarga wis ukurane cilik banget.
Cikalan adalah sisa potongan kelapa yang tidak bisa diparut (dikukur) lagi karena
ukurannya yang terlalu kecil




Post a Comment

0 Comments