Jinis Tembung | Jenis Kata


JINISE TEMBUNG

1. Tembung aran (kata benda) Tembung sing nerangake sakebehe jenenge barang utawa sing dianggep barang. Tuladha : meja, banyu, gunung, lsp
2. Tembung kriya (kata kerja) Tembung sing nerangake pegawean utawa solah bawa Tuladha : mangan, nulis, tuku, dolan, mlaku, lungguh, lsp
3. Tembung kahanan (kata sifat) Tembung sing nerangake kahanan, sipat, lan watak Tuladha : sugih, ayu, panas, cedhak, sepi, luwe, lsp
4. Tembung wilangan (kata bilangan) Tembung sing nerangake cacah utawa jumlahe barang lan pepangkatan Tuladha : siji, sepuluh, selawe, seprapat, akeh, sithik, kabeh, lsp
5. Tembung sesulih (kata ganti) Tembung sing dadi sesulih utawa gantine samubarang. Bisa sesulihe wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang. Tuladha : aku, kowe, dheweke, panjenengan, iki, kuwi, lsp
6. Tembung ancer-ancer (kata depan) Tembung sing kanggo nggandheng utawa nyambung tembung kriya karo panggonan. Tuladha : saka, menyang, ing, lsp
7. Tembung panggandheng (kata sambung) Tembung sing nggandhengake tembung siji lan liyane utawa ukara siji lan sijine. Tuladha : nalika, lan, karo, banjur, sarta, sabab, tuwin, ewadene, pramila, lsp
8. Tembung panyilah (kata sandang) Tembung sing kanggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wis genah. Tuladha : sang, si, para, lsp
9. Tembung katrangan (kata keterangan) Tembung sing nerangake tembung aran, tembung kriya, lan tembung kahanan. Tuladha : saiki, sesuk, awan, bengi, wingi sore, lsp
10. Tembung panguwuh (kata seru) Tembung sing nerangake rasa pangrasa. Tuladha : adhuh!, wah!, hore!, oh!, lho!, sip!, lsp





Post a Comment

0 Comments