Tembung Yogyaswara

 


TEMBUNG YOGYASWARA

Asale Tembung Yogya tegese apik, becik, prayoga, patut

Swara tegese uni

Yogyaswara ateges swara apik utawa swara kang kepenak dirungokake.

Tembung Yogyaswara yaiku rong tembung kang digandheng dadi siji kanthi teges lanang wadon.

Titikane :

1.    Ngrangkep rong tembung dadi siji

2.    Nduweni teges lanang lan wadon

3.    Tembung sing ngarep tiba swara 'a' lan sing mburi tiba swara 'i‘

4.    Yen salah sijine tembung diilangi, tetep nduweni teges

5.    Pangucap lan panulise meh padha

 

Tuladha Tembung Yogyaswara :

Putra putri - anak lanang lan anak wadon

Siswa siswi - murid lanang lan murid wadon

Raseksa raseksi – buta lanang lan buta wadon

Dewa dewi - dewa lanang lan dewa wadon

Mudha mudhi - cah nom lanang lan cah nom wadon

Gandarwa gandarwi - dewa lanang lan dewa wadon

Bathara bathari - dewa lanang lan dewa

Hapsara hapsari - bidadari lanang lan bidadari wadon

Kedhana kedhini - anak loro lanang lan wadon

 

Ora kalebu tembung yogyaswara :

  1.  Wira wiri, bola bali, warna warni, sarwa sarwi, lsp amarga Ora nduwe teges lanang wadon
  2. Mulyana Mulyani, Wahyana Wahyuni, Susanto Susanti, lsp amarga kalebu jeneng wong
  3. Yayah wibi, yayah rena, jaka rara, jalu wanita, lsp amarga panulisan lan pangucape beda uga ora tiba swara “a” lan “i”




Post a Comment

0 Comments