TEMBUNG LINGGA & TEMBUNG ANDHAHAN


1.      Tembung Lingga (kata dasar)- Tembung sing durung owah saka asale (wungkul/wantah/asli).

Tuladha : tuku, pangan, guyu, tulis, lsp.

2.      Tembung Andhahan (kata turunan) - Tembung sing wis owah saka asale.

Tuladha : nyapu, tinuku, panganan, lsp.

 

Tembung Lingga dadi Tembung Andhahan amarga :

1.      Wuwuhan

A.    Ater-ater - Wuwuhan ing ngarepe tembung

-          Ater-ater Anuswara m-, n-, ng-, ny-

Tuladha : m- + pangan = mangan

-          Ater-ater Tripurusa dak-, kok-, di-

-          Tuladha : di- + pangan = dipangan

B.     Seselan (sisipan) - Wuwuhan ing tengahe tembung

Seselan –in-, –um-, –el-, –er-

Tuladha :  tulis + -in- = tinulis             gebyar + -um- = gumebyar

C.     Panambang (akhiran) - Wuwuhan ing mburine tembung ( -i,-a,-ne,-an,-na,-ana,-ake, lsp.)

Tuladha : Tandur + -i = tanduri

2.      Karangkep

A.    Dwipurwa - Wanda wiwitan/ngarep karangkep

Tuladha : sepuh > sesepuh

B.     Dwilingga

-          Dwilingga Wantah/utuh

Tuladha : Bocah > Bocah-bocah

-          Dwilingga Salin Swara

Tuladha : Mlaku > Mloka-mlaku

-          Dwiwasana - Wanda pungkasan/mburi karangkep

Tuladha : Cenges > Cengenges

3.      Kacambor

A.    Camboran Wutuh - Nduweni teges anyar

Tuladha :   Naga + sari > nagasari            Mara + tuwa > maratuwa

B.     Camboran Wancah/Tugel - Tegese tetep

Tuladha : Bapak + gedhe > Pakdhe

 



Post a Comment

0 Comments