Titi Swara da lan dha, ta lan tha

Titi Swara yaiku ngelmu kang ngandharake ngenani swara. Aksara Legena/Nglegena utawa Dentawyanjana cacahe ana 20. Saben aksara nduweni titi swara dhewe-dhewe. Kerep tinemu titi swara kang jumboh pangucape. Kayata aksara da lan dha, uga aksara ta lan tha.


1. Titi swara da lan dha

Aksara da diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu  pucuk untu.

Tuladhane ana ing tembung dudu, dina, dadi.


Dena aksara dha diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu langit-langit ing alat ucap.

Tuladhane dhoyong, dhahar, dhisik.


2. Titi swara da lan dha

  Aksara ta diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu pucuk untu.

 Tuladhane untu, titi, tamba, tatu, tomat.


Dene aksara tha diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu langit-langit ing alat ucap.

Tuladhane kathok, bathuk, sadhuk, gathuk.





Post a Comment

0 Comments