Purwakanthi

Purwakanthi (rima/alunan bunyi)

Asale tembung Purwakanthi :

Purwa tegese wiwitan

Kanthi tegese gandheng, nganggo, migunakake


Purwakanthi yaiku nggandheng/migunakake kang wis kasebut ana ing wiwitan. Dene sing digandheng bisa swarane, aksarane, utawa tembunge.

Terjemah :

Purwakanthi yaitu mengulang/menyebutkan lagi yang sudah disebutkan di awal. Yang disebutkan ulang bisa bunyi vokal, konsonan, atau kata.

 Jinis Purwakanthi

1.    Purwakanthi Guru Swara

2.    Purwakanthi Guru Sastra

3.    Purwakanthi Guru Basa/Lumaksita

 

1.    Purwakanthi Guru Swara

Yaiku purwakanthi kang runtut aksara swarane.

Titikane ana aksara swara (uni) sing padha. (a, i, u, e, o)


Tuladha :

Desa mawa cara negara mawa tata.  (swara “a”)

Gemi, nastiti, ngati-ati.  (swara “i”)

Sapa jujur bakal makmur.  (swara “ur”)

 

2.    Purwakanthi Guru Sastra

Yaiku purwakanthi kang runtut aksara sigege (konsonan).

Titikane ana aksara sigeg sing padha. (b, k, s, t, lsp.)


Tuladha :

Tata, titi, tentrem.  (sastra “t”)

Sluman, slumun, slamet.  (sastra “s”)

 

3.    Purwakanthi Guru Basa/ Lumaksita

Yaiku purwakanthi kang runtut (padha) basa/tembunge.

Titikane ana tembung kang diambali/dibaleni (diulang).


Tuladha :

Remuk rempu, rempu dadi awu.

Asung bekti, bektine kawula marang gusti.

 

 


Post a Comment

0 Comments