Dasanama

 Tegese Dasanama

Dasa saka tembung sedasa tegese sepuluh.

Nama tegese jeneng/aran/jejuluk.

Dasanama yaiku tembung-tembung kang nduweni teges padha. uga diarani padhan tembung utawa aran liyaTembug dasanama lumrahe dijupuk saka basa Kawi yaiku basa Jawa kuna. Dasanama durung mesthi nduweni gunggung sepuluh, bisa luwih uga bisa kurang. Amarga tembung dasa amung dadi pralambang saking akehe.


Gunane Dasanama

Salah sawijining gunane dasanama yaiku mimbuhi kawruh anggone gawe rumpaka utamane kang awujud tembang macapat, amarga tembang macapat iku ana paugeran guru gatra, guru lagu, lang guru wilangan.


Tuladha Dasanama

Anak = atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga.

Angin = anila, bayu, bajra, maruta, samirana.

Banyu = udaka, amerta, ranu, tirta, toya, tuban, warih, waya

Bumi = buwana, bawana, basundara, jagad,

Kethek = kapi, wanara, juris, munyuk, bedhès

Gunung = aldaka, ardi, arga, giri, wukir,

Lintang = kartika, sasa, sudama, taranggana, wintang

Rembulan = badra, basanta, candra, kirana, sasi, sasangka, ratih, wulan

Srengenge = aruna, bagaskara, bagaspati, radite, raditya, surya

Anoman = Anjaniputra, Bambang Senggana, Kapiwara, Wanaraseta.

Raden Arjuna = Janaka, Premadi (Permadi), Kuntadi, Wijanarka

 



Post a Comment

0 Comments