Kembang Rinonce



Aruming kembang mlathi rinonce
Kaseselan endahing abang mawar kang wangi gandane
Katutup putihing lancip kembang kanthil
Wangi sumebyar

Kembang mawar, mlathi, kanthil
Lamun linawar tembung manis ing lathi gumanthil jroning nala
Semribit aruming kembang kagawa angin
Arum gandane sumerbak

Kembang rinonce cumanthel gagang keris
Mugi tansah anjaga keris nora metu saka warangkane
Anjaga dhiri saka polah angkara ing bebrayan
Ora nalingisir marang tindak kautaman

Kembang rinonce ngalungi jangga timekaning dhadha
Anjaga ati saka godha njaba mrih tentram ing bebrayan
Supaya adhem ayem lan wicaksana anggone mulat salira
Sansaya endah lan arum rikma mring mustakanira

Kembang rinonce
Tansah kumanthil ana ati
Kang endah menawa dilambari kanthi ikhlas
Urip bebrayan, nyawiji dadi siji

Wangining kembang rinonce
Minangka dadi pratanda
Dhodhog kori pinajang nginang jambe suruhe

Post a Comment

0 Comments